Widget HTML #1

ADAT JAWA MITONI

ADAT JAWA MITONI



Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing tlatah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwé raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki prosès pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akèh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane ya iku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu déning calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokaké klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane ya iku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik ya iku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akèh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan ya iku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu déning calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokaké cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep.
Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik ya iku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.

NILAI NILAI SING TERKANDUNG ING ADAT JAWA MITONI
1.Nilai Religius
Adat jawa mitoni nuduhake rasa syukur marang gusti merga wis diwei anak 
2.Nilai budaya
Adat jawa mitoni dilakokake uga merga kanggo melestarikake budaya jawa
3.Nilai sosial
Adat jawa mitoni uga ana nilai sosial merga ing acara iku ngundang dulur ulur,tangga tangga lan liya liyane

RELEVANSI KALIYAN MASYARAKAT SAIKI
Adat jawa mitoni esih dilakokake nganti saiki kanggo ngewarisake budaya ingkang turun temurun.upacara kuwi tujuane kanggo ngucapake rasa syukur marang  Gusti ingkang maha agung merga sampun diwei anak .upacara iku biasane ngundang para dulur,tetangga lan liya