Widget HTML #1

TEKS EKSPOSISI UPACARA ADAT RUWETAN

UPACARA ADAT RUWETAN




       Upacara adat ruwetanRuwatan iku saka tembung “ngruwat” sing artine ngopeni. Dene upacara ruwatan iku ndueni teges ngresiki lan nyuciake menungsa saka kesusahan batin kanthi ngenengake upacara kang biasane nanggap wayang purwa, kanthi lakon “Murwa Kala”.

         Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake manungsa saka ancaman bahaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine ndonga marang Gusti Allah, nyuwun perlindungan saka ancaman bahaya, umpamane bencana alam, uga ndonga nyuwun pangampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni, sing bisa nyebabake bencana utawa bakal nuwuhake sial. Upacara ruwatan iku sejatine bisa dianggep kanggo tolak bala utawa buang sial.

        Upacara Ruwatan iku sejatine saka cerita wayang Purwakala. Ceritane, wektu kuwi Bathara Guru lagi omong-omongan karo garwane, yaiku Dewi Uma mabur ing dhuwur samudro. Bathara Guru ora bisa nahan nepsu kepengen dadi siji marang Dewi Uma. Ananging Dewi Uma ora gelem. Akhire wenihe Bathara Guru tiba ing donya lan malih dadi mahluk sing gedhe, yaiku raksasa. Raksasa iku dijenengi Bathara Kala. Kala takon marang bapake, menungsa sing koyo piye sing enthuk dadi pakanane. Bathara Guru jawab, yaiku menungsa sing anak sukerta, yaiku menungsa sing nduwe nasib sial amarga lairane utawa menungsa sing akeh dosa. Kala mudhun nggoleki menungsa iku. Bathara nembe sadar yen menungsa koyo kuwi ing donya akeh. Yen dipangani kala, menungsa bakal enthek. Akhire Bathara Guru nduweni syarat kanggo anak sukerto menawa ora pengen dipangan Bathara Kala kudu nganakake Upacara Ruwatan. Lan Bathara Kala bakal bali ning asale menawa disangoni sesaji. Amarga kuwi, kanggo ngilangake sial wong Jawa nganakake Upacara Ruwatan kanggo ngusir Bathara Kala.

        Menungsa kang ngalami sukerta yaiku ontang-anting (anak siji lanang), ontang-onting (anak siji wadon), kembang sepasang (kembar), sendhang apit pancuran (lanang, wadon, lanang), uger-uger lawang (anak loro lanang kabeh), pendhawa (anak lima lanang kabeh), kedhana-kedhini (anak loro lanang wadon), gondhang kasih (anak loro beda pakulitane, siji ireng siji putih), dhampit (anak loro lanang wadon kang laire bareng). Ana pirang-pirang piranti sing kudhu ana  ning upacara ruwatan. Ana piranti kanggo nanggap wayang kulit purwa lakon “Purwakala”, sesajen kang isine tuwuhan, kembang mayang loro, menyan, kain mori putih, gawangan kelir sindur.Uga ana panganan kang kudu ana yaiku sega golong, sega wuduk, sega kuning, macem-macem bubur, lan jajanaj-jajanan pasar.

        Tata carane Upacara Ruwatan yaiku nanggap wayang purwa nganti lakon “Purwakala”, dhalang mau bakal mimpin upacara cukuran rambut lan siraman. Sing nyukur wong tuane bocah kang diruwat, banjur rambut mau bakal dilarung bareng karo sesajen sing disediake. Ing kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhung) ora pati cedhak-cedhaking papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan kakuwatan saka Upacara Ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi. Ujare, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang.

Menawa digateake, upacara Ruwatan iku ora mung upacara nanggap wayang, nyukur rambut, lan nglarung sesajen, nanging uga nduweni piwulang. Piwulange yaiku :

Piwulang

1. Upacara Ruwatan iku nuduhake rasa pepeling supaya manungsa kereb sedekah kanggo keslamatane.

2. Upacara Ruwatan iku mesti ana kaitane karo Batara Kala, Kala kuwi artine wektu. Nduweni teges supaya menungsa bisa ngurmati wektu.

3. Upacara Ruwatan iku kanggo ngresiki dosa-dosa, nduweni teges supaya tansah tumindak sing apik lan ngadohi tumindak sing ala.  

Nilai-nilai sing terkandng ing tradisi ruwatan, yaiku:

1. Nilai religius 

Upacara ruwatan intine nyuwun donga marang Gusti Allah sing tujuane kanggo ngresiki dosa-dosa uga perlindungan saka bencana.

2. Nilai budaya 

Upacara ruwatan isih dilakokake kanggo melestarikan adat lan budaya sing wis turun temurun. 

3. Nilai moral 

Upacara ruwatan saged menehi kesadaran supaya tansah tumindak sing apik lan ngadohi tumindak sing ala.

Relevansi kaliyan masyarakat saiki :

Upacara ruwatan isih akeh dilakokna ing masyarakat amarga kue tradisi turun-temurun saking nenek moyang uga bisa kanggo nglestarikake. Upacara iki tujuane kanggo nyuwun donga marang Gusti Allah nyuwun perlindungan saka segala ancaman bahaya lan ngresiki dosa-dosa saengga saged ndandani perilaku utawa akhlak supaya tansah tumindak sing apik lan ngadohi tumindak ala.