Widget HTML #1

Apa Tegese Wacan Eksposisi lan Contone

Apa tegese wacana eksposisi iku?, Apa kang diarani wacana eksposisi, WACANA NARASI, DISKRIPSI, EKSPOSISI, ARGUMENTASI, Apa Kang dimaksud Tegese teks eksposisi iku Jlentrehna?, Bab apa wae kang Dijlentrehake ing karangan eksposisi?, Apa tujuan wacana eksposisi iku?, Ancase wacana eksposisi Iku kanggo apa?, Apa kang diarani wacan eksposisi?, Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa, Ketahui Pengertian, jinis wacan eksposisi ana telu yaiku, kang ora kalebu ciri-ciri wacana eksposisi yaiku, ing ngisor iki kang kalebu jinis wacan eksposisi yaiku, teks eksposisi dalam bahasa jawa, struktur teks eksposisi bahasa jawa, ancase saka wacan eksposisi yaiku njembarake kawruh wong liya, isine paragraf eksposisi yaitu, contoh wacana eksposisi bahasa jawa, Struktur Wacana Eksposisi
Apa Tegese Wacana Eksponen kan Contone || Canva

Teks eksposisi. Wacan Eksposisi tegese yaiku wacan kang njlentrehake utawa medharaken sawijining bab saengga bisa njembarake kawruhe pamaos. Wacana eksposisi kuwi asipat ilmiah utawa nonfiksi.

Titikane wacan eksposisi yaiku:

  • Mbudidaya kanggo njlentrehake sawijining bab
  • Gaya penulisan asipat informatif
  • Migunakake basa kang baku
  • Panulisane adhedhasar fakta utawa kahanan sakbenere kang nyata.

Jenis-jenis wacan eksposisi:

  • Eksposisi definisi
  • Eksposisi klasifikasi
  • Eksposisi ilustrasi 
  • Eksposisi proses
  • Eksposisi analisis
  • Eksposisi kosok balen lan mbandingake

Fungsi saka teks eksposisi utawa wacan eksposisi lumrahe kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, pangerten, cak-cakan , sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining kedadeyan utawa bab. Wacan ekposisi nduweni 3 struktur yaiku tesis, argumentasi, lan penegasan ulang. Ing ngisor iki penjelasan tentang tesis, argumentasi, lan penegasan ulang sing ana ning wacan eksposisi:

Struktur Wacan Eksposisi

1. Tesis (idhe utawa panemu)

Tesis ngemot gagasan utama utawa ide pokok sing berupa gambaran penulis ngenani sawijiing prakara kanthi lelandhesan karo fakta utawa kedadian senyatane.

2. Argumentasi

Argumentasi njelaske utawa njlentrehake kanthi menjero tesis kang dipercaya bener dening panulis kanthi mbeberake fakta-fakta senyatane minangka panjletrehan saka penulis ngenani argumene.

3. Penegasan ulang

Penegasan ulang yaiki arupa dudutan minangka kanggo panguat saka idhe kang wis dibeberake dening fakta-fakta sing wis djelaske ing bagean argumentasi mau.

Berikut ini adalah contoh teks eksposisi tentang gamelan bahasa Jawa:

Gamelan Jawa

Gamelan iku salah sijine seni musik tetabuhan tradhisional asli saka Indonesia, mligine ing Pulo Jawa, Madura, Bali, lan Lombok. Tembung gamelan iku asale saka basa Jawa yaiku gamel kang duwe teges tabuh. Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dianggo ngiring tembang utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenengan. Jinis musik iki kasebar rata nganti tekan pulo-pulo ing saindhenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amerika, Eropa, lan tlatah liyane. Jinis musik tradhisional liya sing memper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia, lan Suriname.

Ing mitologi Jawa, gamelan diripta dening sang Hyang Guru ing taun Saka. Sang Hyang Guru minangka dewa kang mandhegani Tanah Jawa lan istana ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu). Sang Hyang Guru ngripta rong gong kanggo nyeluk arwah dewa-dewa, banjur bisa kasusun dadi set gamelan.

Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa, saumuran karo kasebaré budaya Hindhu lan Budha ing Nusantara. Mliginé nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindhu kang banjur kagubah déning Sunan Bonang. Kagunan perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab, tepukan tutuk saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.

Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan piranti musik kang digawé saka logam. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, balung kéwan. Nalika ing jaman modhèren sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi prosès indhustri, ingkang bahanipun warni-warni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwé rong puteran ya iku sléndro lan pélog. Sléndro duwé limang nada saben oktaf ya iku 1 2 3 5 6 [C-D E+ G A]. Nadha slendro duwé interval kang kacèké mung sithik. Déné pélog duwé 7 nadha saben oktaf ya iku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E-F# G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akèh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan kang gumathok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwé pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun saka 4 nada.

Gamelan lumrahé kanggo ngiringi jogèdan, utawa kagunan pertunjukan kayata wayang kulit lan kethoprak. Gamelan lumrahé kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa. Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon jenengé waranggana. Kagunan gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki wujud gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-gamelan kang duwé campuran musik kang nadané pentatonis lan diatonis.

Source: Wikipedia

Baca Juga: